Sabtu, 27 November 2010

Paribasan; Bebasan, Saloka

Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.


Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane

1. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
2. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
3. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
4. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
5. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
6. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
7. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
8. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
9. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
10. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
11. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
12. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
13. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
14. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
15. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
16. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
17. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
18. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
19. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
20. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
21. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
22. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
23. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
24. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
25. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
26. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
27. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
28. Asu marani gebug = njarag bebaya
29. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
30. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
31. Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
32. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
33. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
34. mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
35. mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
36. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
37. mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
38. mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
39. mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
40. Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
41. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
42. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
43. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
44. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
45. Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
46. Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
47. Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
48. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
49. Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
50. Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
51. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
52. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
53. Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
54. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
55. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
56. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas
57. Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
58. Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri
59. Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
60. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
61. Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe
62. Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
63. Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
64. Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
65. Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
66. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
67. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
68. Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
69. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
70. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
71. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
72. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
73. Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane
74. Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
75. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
76. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
77. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
78. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh
79. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.
80. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
81. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya
82. Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot
83. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani
84. Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
85. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
86. Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
87. Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
88. Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
89. Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
90. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
91. Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
92. Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
93. Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
94. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
95. Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
96. Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
97. Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
98. Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug
99. Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
100. Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng

Tidak ada komentar:

Posting Komentar